Rabu, 18 Juli 2012

LELAYU


Inna Lillahi Wa Inna Ilaihi Raji'un


L E L A Y U
Delanggu 18 Juli  2012

Assalamu ‘alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Nuwun keparengo ngaturi pirso, bilih rikolo dinten Rabu Pon suryo kaping 18 Juli 2012 wanci tabuh 02.30 WIB  sampun katimbalan marak ing pangayunaning  Gusti Allah SWT kanthi tentrem, Jalaran gerah sakwetawis wekdal, wonten ing griyo dk. Kadipaten, Ds. Gatak



ALMARHUM EPSON STYLUS T.11
( dumugi yuswa 4 tahun )

Jenasah badhe kasareaken wonten ing sasono loyo dk. Kadipaten, Ds Gatak

Ing dinten  :  Rabu Pon
Suryo  kaping  :  18 Juli 2012
Wanci tabuh  :  19.00 WIB ( dalu )

Ingkang puniko hambok bilih rikolo sugengipun almarhum mboten saget ngeprint karono lancar , kulawargo nyuwunaken agunging pangapunten , ugi nyuwun sih  puji pandongo, mugi-mugi arwahipun dipun tampi wonten ngarsanipun  Allah SWT dipun apunten sedoyo kalepatanipun soho dipun tampi amal kesaenanipun.
Amin

Wassalamu ‘alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Tidak ada komentar:

Posting Komentar